PAWARTOS
Pangertosan Pawartos
Pawartos inggih menika
palaporan ngengingi kadadosan arupi paparan fakta saha data ngengingi kadadosan
kasebat
Unsur
Fakta Ingkang Wonten Ing Pawartos Inggih
Menika : (5W + 1H)
Ø Who (sinten)
Ø What (menapa)
Ø When (kapan)
Ø Why (kenging menapa)
Ø Where (wonten pundi)
Ø How (kadospundi)
Jinising Pawartos Antawispun :
Ø Pawartos langsung (Straight news)
Ø Pawartos mendalam (depth news)
Ø Pawartos opini (opini
news)
Ø Pawartos photo
Struktur Panyeratan Pawartos :




Perangan Ingkang Nemtokaken Bobot
Biji Pawarta Inggih Menika :
1. Aktualitas
2. Sesambetan kaliyan papan kadadosan
3. Sesambetan kaliyan unsur- unsur ingkang katut ing
saklebetipun kedadosan
4. Sesambetan kaliyan padamelan pamaos/ pamiyarsa
5. Jangkepipun pawartos
Perkawis Ingkang Perlu
Dipungatosaken Nalika Mirengaken Pawartos Utawi Informasi Inggih Menika :
a.
Mangertosi
kanthi cetha perkawis ingkang dipunaturaken
b.
Mbedakaken informasi ingkang wigati saha ingkang boten
wigati
c.
Nyathet informasi ingkang leres saha permati
Perkawis Ingkang Kedah
Dipungatosaken Nalika Maringi Panyaruhipun Inggih Menika :
1.
Panyaruhipun
menika sak mesthi nipun dipunaturaken kanthi cekak aos, padhat saha dipunronce
kanthi sae
2.
Perkawis utawi
bab ingkang dipunparingi panyaruhipun kedah cetha
3.
Tembung -
tembung saha ukara ingkang dipunginakaken kedah gampil dipunngertosi utawi
dipunpahami
4.
Panyaruhipun
menika kedah dipunparingi lelandesan ingkang logis, saged ugi dipuntambahi
fakta saha bukti- bukti ingkang relevan (nggadahi sesambetan)
Tuladha Pawartos
Konsumsi
Ulam Ing Diy Taksih Andhap
Sleman, www.jogjatv.tv – Sinaosa asil panen ulam ing
sleman saya mindhak nanging rata- rata tingkat konsumsi ikan ing DIY, kalebet
sleman taksih andhap. Awit saking punika, Deputi Kementrian Koordinator Bidang
Kemaritiman Republik Indonesia, Safri Burhanuddin ngajab supados Pemkab Sleman
kupiya njurung masyarakat supados greget konsumsi ulam kanthi miyaraken budidaya
ulam ing wewengkonipun.
Ing sak sela-selaning kunjungan budidaya pertanian
padi bersama ikan – mina padi ing Padukuhan Cibuk, Desa Margoluwih, Kecamatan
Seyegan Sleman, Deputi Kementrian Koordinator Bidang Kemaritiman Republik
Indonesia, Safri Burhanudin mratelakaken, miturut data pusat statistik, tingkat
konsumsi ulam ing DIY saweg 27 kilogram
per kapita dene ing Sleman, langkung andhap malih namung 22,29 kilogram per
kapita kamangka rata-rata konsumsi ikan tingkat nasional, 40 kilogram per
kapita. Awit saking punika, Safri Burhanudin ngajab Pemkab Sleman grengseng
njurung masyarakat supados remen nedhi ulam awit badhe ndayani tumrap
kalantipan. Miturut asil panaliten,
tetiyang ingkang kathah nedhi ulam dados
lantip dene budidaya ulam ing Sleman ugi
kedah dipun rembakaken.
Miturut Kepala Dinas Pertanian dan Perikanan
Kabupaten Sleman, Widi Sutikno, sawetawis taun pungkasan produksi ulam ing
Sleman saben taun mindhak lan ing taun 2016 produksinipun ngantos 30 ewu ton.
Ngengeti budidaya ikan bersama padi – mina padi asilipun maremaken kangge
ngindakaken produk ulam pehakipun badhe nggrengsengaken budidaya mina padi
supados asil panen pantun lan ulam ing Sleman saya mindhak. ( Subardi )
Kapethik saking modul
basa jawa ‘KAWURYAN’ lan pinten – pinten sumber kanthi ewah- ewah saperlunipun
-Nyuwun pangapunten aggen kula nyerat kathah
klenta-klentu-
Tidak ada komentar:
Posting Komentar