Selasa, 23 Mei 2017

UYON- UYON




Pangertosan Uyon-Uyon
Ø  Uyon-uyon Saking tembung ‘manguyu-uyu’ inggih menika pasugatan gendhing mirunggan ing adicara pahargyan pinanganten utawa ing pagelaran ringgit purwa.
Ø  Unining gendhing tanpa joged utawi umumipun kanthi thuthukan alon
Ø  ‘uyu’, (kn.) Gegendhingan nabuh gamelan (ing nalikane duwe gawe) miturut Baoesastradjawa W.J.S Poerwadarminta
Tuladha Uyon-Uyon :

                                          


Kasusastran Kang Tinemu Ing Gendhing

1.      Cakepan inggih punika syair, tetembungan kang dienggo ing tembang.
2.      Cengkok inggih punika lak-luking swara kanggo nglagokake tembang.
3.      Gendhing inggih punika lelagoning gamelan kawangun sakiing mawarni aspek karawitan.
4.      Gamelan inggih punika piranti karawitan kanggo ngiringi tembang, kayata; bonang, kendhang, gong kempul, gender, gong gedhe, peking demung, saron, kenong, slenthem, gambang, rebab, siter,lsp.
5.      Laras inggih punika rasa thinthingane swara cendhak nganti swara dhuwur.
6.      Titi laras inggih punika angka minangka gantine laras (swara cendhak tekan swara dhuwur)
7.      Pathet inggih punika ukuran cendhek lan dhuwure swara kanggo nglagokake tembang.
8.      Pedhotan inggih punika pamedhoting swara ing tengahing tembang ing saben larik.
9.      Senggakan inggih punika unen-unen mawa lagu ing satengahing tembang kang binarung swaraning gendhing/ pradangga.
10.  Swarawati inggih punika waranggana, pesindhen, penyanyi putri.
11.  Wiraswara inggih punika penyanyi kakung.
12.  Gerong inggih punika tembang kang dilagokake bareng karo gamelan kanggo mbarengi gendhing, dene sing gerong para wiraswara/pradangga.
13.  Sindhenan inggih punika tetembangan kang dilagokake dening waranggana utawa pesindhen binarung swaraning gamelan/ lelagoning gendhing.
14.  Irama inggih punika ukuran rindhik rikating panabuhing gamelan.
15.  Bawa inggih punika tembang kanggo mbukani gendhing utawa miwiti gendhing tanpa tabuhan.
16.  Buka inggih punika tetabuhan utawa swara kang kanggo bukani gendhing.
17.  Blimbingan inggih punika wujud wilahan gender, slenthem, demung, saron, peking sing tebgahe nganggo lingiran (penampang trapesium)
18.  Niyaga inggih punika paraga kang ngayahi nabuh gangsa.
19.  Paniti inggih punika paraga kang kajibah mranata tata rakiting gangsa ing panggungan lan ngupakawis gangsa.
20.  Karawitan inggih punika gumelaring gangsa saprabote, saged wujud pagelaran mandhiri utawa kangge ngiringi pagelaran liyane (ringgit, kethoprak, ludrug lsp)
21.  Waranggana inggih punika wanita ingkang ngrengga karawitan kanthi tetembangan/ sesindhenan
22.  Saprangkat inggih punika gangsa jangkep, laras slendro lan pelog
23.  Sapangkon inggih punika namung laras slendro utawi pelog kemawon
24.  Cokekan inggih punika pagelaran karawitan kang ricikanipun gender, slenthem, kendhang batangan, siter , gong kemodhong.
25.  Alusan inggih punika gender,  gambang, rebab, siter, suling
26.  Balungan inggih punika demung, saron, peking


Kawruh Budaya Gamelan Jawa
  
Gamelan miturut Baoesastra Djawa W.J.S Poerwadarminta inggih punika arane tetabuhan kang rericikane (instrumen) akeh banget. Bahan sing biasane dianggo nggawe gamelan arup perunggu utawa gangsa (campuran tembang lan timahsari), kuningan saha barut ( wesi lan plat).Gamelan komplit iku nduwe 2 laras inggih punika gamelan slendro lan gamelan pelog.
Laras slendro beda karo pelog, ing slendro ora ana nada 4 (papat/pat) karo 7 (pitu/pi).
Laras slendro nduwe 5 nada inggih punika 12356 kanthi interval kang padha. Dene laras pelogiku nduwe 7 nada 1234567. Nadyan mangkono, gamelan dhasare ana 5 nada (penta=5, tone = nada)
Laras ingih punika swara kang ajeg dhuwure, ora owah, kasebut uga nada, sistemnada/ tonalsyste. Laras slendro (Sl.) ateges sistem nada kang manut cendhek-dhuwure lan interval saka gamelan slendro, semono uga laras pelog (Pl.). titi laras inggih punika notasii nada kang tulis manut sistemnada laras lan pathete. Dene pathet (Pt.) inggih punika ukuran cendhek- dhuwuring laras, minangka wates wilayahh nada. Pathet ing laras slendro iku antane, pathet Nem (6), pathet Sanga (9), lan pathet Manyura (Myr). Dene pathet ing laras pelog inggih punika, pathet Lima (5), pathet Nem (6), lan pathet Barang (Br).


Rericikan Gamelan





1.       Wujud Tebokan
Ricikan gamelan ingkang wujud tebokan kayadene bedhug, kendhang, ketipung, tambur. Cara nabuh dithuthuk (bedhug, tambur) dikebuk/ keplak/ tabok (kendhang).

KENDHANG

Kendhang iku piranti gamelan kang ditabuh nganggo kombinasi antara tlapakan karo driji (dikebuk). Wujude kendhang meh silindher, simetris, ing salah siji sisih rada gedhe tinimbang sisih lawane. Swara kendhang umume inggih punika : dlang, dlong, dhah, dheng/nggen, thung, ket, tong lan tak. Jinising  swara iku metu saka carane nabuh kang beda-beda.
Kendhang gendhing utawa kendhang ageng iku kendhang sing paling gedhe ukurane dibandhing kendhang liyane. Kendhang gendhing iku uga ngasilake swara kang cendhek dhewe tinimbang kendhang liyane.
Kendhang ketipung utawa biasa iku kendhang kang cilik dhewe lan ngasilake swara paling dhuwur dibandhing kendhang liyane. Ketipung biasane ditabuuh bareng kara kendhang ageng.
Kendhang batangan utawa kendhang ciblon iku kendhang sing nduwe ukuran sedheng, luwih cilik sithik dibandhing kendhang ageng lan kendhang sabet. Swara kendhang iki luwih dhuwur dibandhing kendhang ageng.
Kendhang wayangan utawa kendhang sabet/kosek iku kendhang sing nduwe ukuran sedheng, luwih cilik sithikk dibandhing kendhang ageng ning  luwih gedhe sithik dibanding ciblon. kendhang sabet ngasilaken swara luwih dhuwur dibandhing kendhang ageng.
KAWRUH BAB KENDHANG
·         Dipundamel saking kajeng(klowongan/urung) saha wacucal
·         Tebokan, wawucal ingkang nutup kiwa tengen bolongan klowongan/urung
·         Janget, tali wawucal ingkang kangge nyeneng tebokan
·         Suh, karah saking wawucal kangge ngenceengi utawi ngendhongi jannget gayut suwanten kendhang
·         Plangkan : rancakan/piranti kanggo nyelehake kendhang
·         Jinis: kendhang ageng/bem, batangan/gembyakan,penunthung,ketipung, kosek, jaipong

2.      Wujud wilahan 
Piranti gamelan ingkang awujud wilahan antawisipun :
GENDER
Gender iku perangkat gamelan Jawa kang kasusun ing papan kaya ayunan la ing ngisore ana tabung/silinder kan fungsine kanggo ngatur gema swarane.
 KAWRUH BAB GENDER
·         Wujud wilahan, dipunrenteng ngangge pluntur, dipunkancing ngangge sindik, saben let 2 wilah dipunsangga ngangge sanggabuwana
·         Pluntur di pantheng dhateng golekan
·         Sangandhping wilah kaparingan bumbungan minangka resonator
·         Cacah wilahan padatan 14 wilah, saka laras 6 ageng – laras 3 alit
·         Wonten kalih jenis gender : gender barung lan gender penerus
·         Miturut titi laras : ggender slendro, gender pelog bem, gender pelog barang
·         Tabuh gender sinebat bendha




SLENTHEM
Slenthem iku kagolong gamelan wujud balungan kang ngasilaken swara alus katimbang balungan liyane.
KAWRUH BAB SLENTHEM
·         Ugi sinebat gender penembung/ gender gantung
·         Wujud wilahan, dipunrenteng mawi pluntur ingkang  dipunpantheng dhateng golekan, dipunkancing ngangge sindik, saben let wilah dipinsangga ngangge sanggabuwana
·         Sangandhaipun wilah kaparingan bumbung minangka resonator
·         Miturut titi laras : slenthem slendro lan slenthem pelog
·         Cacah wilah slenthem pelog 7 wilah, slendro 6

GAMBANG
Wujud gambang meh padha saron ning luwih gedhe tur dawa lann wilahane digawe saka kayu. Ukuran wilah gambang udakara 29 cm nganti 58 cm. Wilah kang luwih gehe iku swarane luwih rendah lan kabeh cacahe wilahan gambang ana 19 nganti 20 wilah.
KAWRUH BAB GAMBANG
·         Wilahan padatan dipundamel saking kajeng berlian utawa kajeng lengki, rancakan ngiras resonator
·         Sarancak padatan isi 21 wilah, wiwit laras 5 andhap ngantos laras 5 inggil
·         Miturut titilaras : gambang slendro, pelog bem, pelog barang. Supados ringkes, gambang pelog lajeng mawi sorogan wilah laras 1 lan 7
·         Tabuh gambang ugi  sinebat bendha

DEMUNG
Saron iku prangkat gamela wujud wilahan logam kang kasusun sanduwure rancakan kayu. Ana 3 jinis saro inggih punika : Saron demung, saron barung/ricik, lan saron penerus/peking.
SARON DEMUNG
Saron demung iku jinis saron kang palin gedhe ukurane. Wila saron demumg iku paling gedhe inggih punika ukuran kira-kira 35,5 cm dawa lan lebar 9 cm.


KAWRUH BAB DEMUNG
·         Wilahan saking logam, dipuntumpangake rancakan ngangge bantalan tawoan, di kancing ngangge paku, rancakan ngiras resonator
·         Ricikan balungan ingkang ukuranipun ageng piyambak
·         Demung pelog sarancak 7 wilah : 1, 2, 3, 4, 5, 6, 7
·         Demung slendro sarancak 6 wilah : 1, 2, 3, 5, 6, 1 nanging ugi wonten ingkang 7 wilah : 6, 1, 2, 3, 5, 6, 1
·         Tabuhipun sinebat gandhen   
SARON BARUNG
Saron barung utawa saron ricik iku prangkat gamelan jinis saron tengah – tengah inggih punika anatarane peking lan demung. Wilah saron barung iku luwih gedhe dibanding saron penerus ning luwih cilik dibanndhing saron demung. Wilah kang luwih dhuwur swarane, ukurane luwih cilik. Saron barung ngasilake swara luwih dhuwur saoktaf dibanding saron demung.
KAWRUH BAB SARON BARUNG
·         Wilahan saking logam, dipuntumpangaken rancakan ngangge bantalan tawonan, dipunkancing ngangge paku, rancakan ngiras resonator
·         Kalebet ricikan balungan, wangunipun memper demung namung ukuranipun langkung alit
PEKING
Peking utawa saron penerus ikujinis saron kang cilik tinimbang saron barung lan demung, nanging wilahane luwih kandel. Wilah kang luwih dhuwur swarane, ukurane luwih cilik. Wilah saron penerus kang paling cilik dawane watara 18 cm lan amba 4 cm. Saron panerus nasilaken swara luwih dhuwur saoktaf dibandingake karo saron barung.
KAWRUH BAB PEKING
·         Wilahan saking logam, dipuntumpangaken rancakan nganggo bantalan tawonan, dipunkancing nganggo paku, rancakan ngiras resonator
·         Ricikan balungan ingkang ukuranipun alit pyambak
·         Ugi sinebat saron penerus utawi thithi
·         Padatan gandhen dipundamel saking singat/sungu mahesa, dipunangkah atosipun

3.      Wujud wilahan pencon
Piranti gamelan ingkang awujud wilahan pencon antawisipun :
                                                 
GONG KEMODHONG

KAWRUH BAB GONG KEMODHONG
·         Gong wujud wilahan ngangge pencu, dipunrenteng ngangge pluntur, dipunkancing sindik, dipunpantheng dhateng rancakan ing salabatipun kaparingan klenthing kangge resonator
·         Padatan sarancak cacah 2 wilah, dipuntabuh teturutan
·         Tabuhipun sinebat gembel
KECER
Kecer ingih punika perangkat gamelan ditangkubake ing pasangane. Biasane ditabuh knggo ngiringi  lelagon dolanan ing pagelaran karawitan.
KAWRUH BAB KECER
·         Wujude kaya piringan simbal nanging ukuranipun cilik
·         Sarancak isi kalih tangkep
·         Cara nabuh di aben wilah
           
4.      Wujud pencon
Piranti gamelan ingkang awujud pencon antawisipun :
BONANG
Bonang iku salah sawiijining perangkat gamelan kang awujude arupa pencon. Bonang iku ditata dadi rong baris, saben sabaris gamelan slendro ana 5 pencon lan uga kang ana 6 pencon, dadi cacahe kabeh ana 10 utawa 12. Dene saben sabaris gamelan pelog ana 7 pencon lan cacahe kabeh ana 14. Wujude bonang iku ana 3, inggih punika bonang panembung kang  wujude palinng gedhe, bonang barung kang wujude luwih cilik saka bonang panembung, lan bonang penerus minangka bonang kang cilik dhewe. Gedhe cilike wujud pencon bonang mau mratandhani asiling swara/karakter bonang siji lan sijine. Bonang kang asring mbukani gendhing inggih punika bonang barung.
KAWRUH BAB BONANG
·         Wonten 3 jinis : bonang penembung, barung, penerus
·         Wujud pencon, dipuntata larik 2 sab, tumumpang pluntur kang dipunpantheng ing rancakan
·         Sab nginggil (tebih saking niyaga) sinebat brunjung, sab ngandhap (caket niyaga)Sinebat dhempok
·         Bonang laras slendro saben rancak padatan isi 10 pencu
·         Bonang laras pelog saben rancak padatan isi 14 pencu
KETHUKK LAN KEMPYANG
Kethuk lan kempyang iku perangkat gamelan wujud pencon kang kasusun ing papan kaya ayunan, dadi cara natane mirip karo kenong lan bonang. Rancakan kethuk lan kempyang iku luwih cendhek dibanding kenong.
KAWRUH BAB KETHUK LAN KEMPYANG
·         Kethuk wujud pencon kados ricikan bonang, padatan mawi laras 2 ageng
·         Kempyang mawi laras 1 inggih utawi 7
·         Pigunanipun kangge tandha ajengiing wirama (pamenku wirama) saha nedahaken jinising gendhing (lancaran, ladrang, ketawang isp)
·         Tabuhanipun sinebat bindi
KENONG
Kenong iku perangkat gamelan wujud pencon kang kasusun ing papan kaya ayunan, dadi cara natane mirip karo bonang, kempyang, lan kethuk. Ing kelompok perangkat gamelan kang diayun iki  kenong nduwe ukuran sing paling gedhe
KAWRUH BAB KENONG
·         Wujud pencon, langkung ageng lan inggil tinimbang bonang
·         Tumrap saprangkat gamelan ingkang tumbuk laras 6, cacahing kenong padatan 10 pencon : 1s, 2s, 3s, 5s, 6s ,1p, 2p, 3p, 5p. Kawimbuhan kenong japan laras 5 ageng
                                                            KEMPUL
Kempul iki biasane digantung kaya umume perangkat gong. Kempul iki cacahe gumantun jinis pagelarane, dadi ora mesthi. Bentuke kaya gong nanging luwih cilik lan diameter umum kira- kira 45 cm. Kempul ngasilake swara kang luwih dhuwur tinimbang gong, kempul kang ukurane luwih cilik swarane luwih dhuwur maneh.
KAWRUH BAB KEMPUL
·         Wujud pencon, digantung neng gayor ngganggo pluntur
·         Perangane : pencu, praen, widhangan/bahu, gegesan
·         Gayor ngayogjan padatan di sukani canthelan, rinengga cundhuk lunglungan
·         Gayor surakartan padatan boten mawi canthelan, rinengga cundhuk nagan
·         Tabuhing sinebat gembel
·         Saprangkat gangsa tumbuk laras 6, kempul cacah 10 yaiku laras : 1s, 2s, 3s, 5s, 1p, 2p, 3p, 5p, 7p.

GONG
Gong iku piranti gamelan Jawa kan ditabuh, digawe saka tosan, lan nduwe ukuran kang gedhe dhewe. Piranti iki biasane dipapanke ing mburi dhewe, digantung ing gayor kang umum digawe saka kayu ukuran gedhe. Wujude gong :bunder, permukaane rata ning ana tonjolan ing tengah – tengah. Gong nduwe swara kang gedhe lan nadane paling cendhek tinimbang nada piranti gamelan liyane. Jinising gong inggih punika : gong ageng,suwukan
GONG AGENG
Gong ageng iku gong kang paling gedhe diametere udakara 80 nganti 100 cm utawa sekitar 24 inci. Gong ageng nduwe nada paling rendah dibanding swara piranti gamelan liyane .
KAWRUH BAB GONG AGENG
·         Wujud pencon, ukuranipun ageng piyambak, garis tengah langkung saking 90 cm, dipungantung wonten gayor nggunakake pluntur
·         Saprangkat gangsa ageng,  padatan wonten  2 gong ageng laras 3 ageng lan 5 ageng
·         Tabuhane sinebat gembel
GONG SUWUKAN
Gong suwukan utawa siyem iku gong kang diametere 50 nganti 60 cm. Gong suwukan nduwe nada luwih dhuwur dibanding gong ageng.
KAWRUH BAB GONG SUWUKAN
·         Wujud pencon, ukuran langkung ageng tinimbang kempul, dipungantung wonten gayor nggangge peluntur
·         Ugi sinebat gong suwukan
·         Saprangkat mbetahaken 6 suwukan, i.p laras ageng : 1s, 2s, 6s, 1p, 2p, 7p

5.      Wujud kawatan
Piranti gamelan ingkang awujud kawatan antawisipun :
REBAB
Rebab iku gunane kanggo murba lagu, gawe variasi lagu, lan uga kanggo mbukani gendhing.



KAWRUH BAB REBAB
·         Dipun damel saking kajeng utawi gendhing, membran, saha kawat
·         Perangaipun inggih menika popor ngisor, cakilan, bathokan, membran, watangan, kupingan, cundhuk, jendra, srenten, bremara
·         Cara ngungelaken dipunkosok/gesek mawi senggreng
·         Senggreng di damel saka kajeng lan bubat (rambut jaran)
CELEMPUNG LAN SITER
KAWRUH BAB CELEMPUNG
·         Dipundamel saking kajeng saha kawat
·         Rancakan ngiras resonator
·         Amrih ringkes, dipundamel wolak walik laras slendro pelog
·         Cara ngungelaken dipunpethik/cuwik ngangge kuku jempol asta
·         Saben titi laras dumados saking 2 kawat, caranipun nglaras dipunpanthe
·         Senggreng dipundamel sakiing kajeng saha bubat (rambut jaran)
KAWRUH BAB SITER
·         Sami kadosdene siter nanging langgkung ageng
·         Tumrap gangsa ageng/jangkep dipuncawisken clempung cacah 3, inggih punika laras slendro, pelog bem saha pelog barang

6.      Wujud pipa
Piranti gamelan ingkang awujud pipa antawisipun :

SULING
 Suling iku kalebu piranti musik kang disebul, swara suling diasikake saka rongga angin sing digeterake liwat sebulan angin. Frekuensi gelembonge gumantung karo ukuran dawa rongga angin sing digeterake.
KAWRUH BAB SULING
·         Dipundamel saking deling/pring
·         Padatan dipuncawisaken kalih, suling laras slendro lan pelog
KEMANAK
Kemanak inggih punika perangkat gamelan kang wujude memper gedhang. Kemanak iku biasane ditabuh kanggo ngiringi bedhayan.
TABUHING GAMELAN




Kapethik saking modul basa jawa ‘KAWURYAN’ lan pinten – pinten sumber kanthi ewah- ewah saperlunipun
https://yudhipri.wordpress.com/2010/06/15/bagian-alat-musik-gamelan/
                             
                       

-Nyuwun pangapunten aggen kula nyerat kathah klenta-klentu

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Resensi Buku

RESENSI BUKU Judul Buku : Metodologi Penelitian Petunjuk Untuk Peneliti Pemula Pengarang : Prof. Ir. Sukandarrumidi, MSc., P.D. P...