CERITA CEKAK
Pangertosan Cerita Cekak
Cerita
cekak utawi cerkak inggih menika salah satunggaling wujud prosa naratif fiktif.
Miturut
sujarahipun cerkak menika wiwitanipun saking tradhisi cariyos lisan ingkang
misuwur.
Struktur Dramatis ing Cerita Cekak
Ø Eksposisi (ingkang nglantarken setting, wekdal saha
paraga baku)
Ø Komplikasi (kadadosan ing salebeting cariyos ingkang
nepangaken konflik)
Ø Krisis (wekdal ingkang nemtokaken paraga baku
anggenipun tumindak rikala ngadhepi konflik )
Ø Klimaks (punjering cariyos ingkang dados perangan
ingkang wigati piyambak)
Ø Wasana (peranganing cariyos rikala konflik saged
karampungaken)
Ciri – Ciri Cerita Cekak :
Ø Kadadosan saking setunggal adegan
Ø Gadhah setunggal plot/alur
Ø Setting ingkang tunggal
Ø Cacahing paraga ugi winates
Cerita cekak gadhahi kalih unsur
inggih punika :
Unsur Intrinsik
Unsur
intrinsik inggih punika unsur ingkang wonten ing salebeting cerkak piyambak.
Ingkang
kalebet unsur intrinsik:
1. Tema inggih punika underaning cariyos ingkang
dipunpitados saha dipundadosaken underaning cariyos
2. Latar (setting) inggih punika panggenan, wekdal,
swasana ingkang wonten ing salebetipun cerkak.
3. Alur (plot) inggih punika reroncening kadadosan
ingkang wonten ing salebeting cariyos.
Alur kaperang dados 3 inggih punika :
a.
Alur maju inggih
punika reroncening kadadosan ingkang urutaning manut kaliyan urutaning wekdal
kadadosan ingkang wonten ing cariyos utawi cariyosipun tansah lumampah majeng.
b.
Alur mundur
inggih punika reroncening kadadosan ingkang urutn kadadosanipun boten miturut
urutan wekdal kadadosan utawicariyos ingkang lampahipun mundur.
c.
Alur campuran
inggih punika campuran antawisipun alur maju lan alur mundur.
Alur punika kaperang dados
pinten- pinten tataran, inggih punika:
a.
Pangantar inggih
punika perangan cariyos ingkang awujud gegambaran wekdal, panggenan saha
kadadosan ingkang wonten ing wiwitanipun cariyos.
b.
Wiwitaning
perkawis inggih punika peranganing cariyos ingkang minangka gegambaran perkawis
ingkang dipunandhepi dening paraga cariyos.
c.
Klimaks inggih punika
perkawis ingkang wonten ing cariyos ingkang minangka undering cariyos.
d.
Antiklimaks
inggih punika perkawis sekedhik mbaka sekedhik sampun saged dipunlampahi, raos
sumelang ugi sampun wiwit ical.
e.
Resolusi inggih
punika perkawis sampun saged karampungaken.
4. Watak inggih punika gegambaran watak utawi karakter
paraga – paraga ingkang wonten ing cariyos, bab watak punika saged dipuntingali
saking 3 aspek, inggih punika:
a.
Pacelathon
paraga
b.
Gegambaraning
paraga
c.
Gegambaraning
blegeripun paraga
Kangge nggambaraken watak wantuning setunggaling
paraga, panyerat limrahipun ngginakaken teknik :
a.
Teknik analitik,
watak wantuning paraga kagambaraken kanthi langsung dening panyerat.
b.
Teknik dramatik,
watak wantuning paraga kagambaraken kanthi:
1)
Nggambaraken bab
badan saha tindak – tandukipun
2)
Nggambaraken
lingkungan gesangipun paraga
3)
Basa ingkang
kaginakaken paraga
4)
Cara anggenipun
mikir saking paraga
5)
Cara wontenipun
paraga sanes.
5. Nilai (amanat)/ piwulang luhur inggih punika
piweling ingkang badhe kaaturaken dening panganggit lumantar cariyos utawi
piwulang ingkang badhe kaparingaken dhateng soksintena ingkang purun maos
cariyos dening panyerat.
6. Cara panyerat nyariyosaken (sudut pandang/ point of view), inggih punika kalenggahan panyerat
rikala nyariyosaken. point of view punika
wosipun kapantha dados kalih, inggih punika:
a.
Minangka tiyang
ingkang kapisan, pnyerat ndherek minangka paraga ing cariyosingkang
kacariyosaken.
b.
Minangka tiyang
ingkang katiga, payerat minangka dhalang ing cariyos pun.
7. Gaya bahasa/lelewaning basa.
Unsur Ekstrinsik
Unsur ekstrinsik inggih punika unsur – unsur ingkang
wontenipun ing sanjawninipun cariyos ananging gadhah pangaribawa ingkang boten
langsung ing cariyos punik. Unsur ekstrinsik :
a.
Nilai – nilai
ing salebeting cariyos (agami, kabudayan, politik, ekonomi)
b.
Latar belakang
gesangipun panganggit
c.
Kahanan sosial
rikala cariyos punika didamel.
Tuladha cerkak :
Kleru
Posted on December 27, 2009 by niniklenyem
?
Kagem ngisi Tabloid Kasih
Wiwit dikandhani Nafsiah putrane pak Waji Cholil
sing omahe pernah kulone, Agustinus Jatmiko dadi anteng wegah omong.
Batine lara lan mangkel dening sikape Fransisca
Artini pacare, sing keri-keri iki enteng-entengan rana-rene karo pemudha liya.
Agus pancen dudu bocah sing gampang cemburuan, ning
sing ngandhani ora mung Nafsiah thok, Bawor bakule es ngarepe ya kandha :
?Mas Agus, Mbak Sisca niku saniki kerep liwat dalan
niki numpak mobil kalih lare jaler sami njenengan.
Mobile nggih sok jip ? sok sedhan, mboten mesthi.
Ning plate mesthi H.? Kandhane Bawor serius.
?Enggih ta kang Bawor ?, njur ??
?Nek wangsule nggih mlebet pekawisan ngriku, daleme
pak mantri Harga, nggih griyane Mbak Sisca.?
?Sampeyan empun sumerep ping pinten kang ?? Agus
nanjih.
?Wah Minggu niki pun wongsal-wangsul kok, Mbak Sisca
nek lenggah nggih mesthi teng sopiran ? jejer.? Atine Agus wiwit panas. Apa
hiya Sisca pacare ngiyanati katresnane ? Mangka Sisca wis nate janji, sawise
Agus rampung kuliahe, gelem diring. Genea saiki kok ngono ?
Apa maneh Bapak Ibu Harga yo wis menehi lampu ijo.
Maune kandhane wong-wong kuwi ora digubris, ning bareng Bawor sing olehe dodol
es neng ratan pener longopan dalan cedhake Sisca sing kandha, njur ngandel.
Apa maneh, pirang-pirang kegiatan Mudika iki, Sisca
ora tau ketok, rasa cubriyane saya ndadi.
Yen nyata-nyata pemudha sing sok nggawa Sisca metu
nggawa mobil kuwi arep ngrebut pacare, Agus ora bakal gigrik, arep diadhepi
secara jantan. Ala-ala dheweke rak ya tilas pelatih bela dhiri ing paguyuban
pencak silat Mawar Putih. Mula Agus weling Bawor, yen pemudha kuwi ketok neng
omahe Sisca, kon ngandhani srana S.M.S, Bawor saguh.
Agus dhasar bocah mugen tur sregep, wektune mung
temen-temen kanggo sinau lan mbantu wong tuwa, uga ngombyongi kegiatan Mudika.
Sore bubar adus, ndadak krungu HPne muni, gage dicandhak.
?Hallo? ? oh ? kang Bawor. Embuh piye swara saka adoh kana, ning praupane Agus
dadakan malih. HP dipateni njur disak.
Batine kebak tandha pitakon, ngapa kok sing teka
mobil loro gek ana wonge tuwa lanang wadon ?, gek-gek arep ngrembug Sisca.
Ah pikirane njur kuwur, bingung. Gek-gek tenan,
Sisca ingkar janji milih pemudha sing nduwe mobil, timbang dheweke mahasiswa
mlarat.
Wis embuh, niyate arep mara mbuktekke. Yen tenan ?,
sisan olehe arep medhot sesambungan neng ngarepe wong tuwane.
Agus dandan rapi, ati ditata, senajan wis siap
jurus-jurus maute, yen mengko pemudha kuwi nganti ngetokke kemakine.
Dheg ? mlebu pekarangan weruh mobil loro, ngarep
lawang kamar tamu akeh sandhal, nyata kandhane Bawor, akeh tamu.
Agus nyedhaki lawang sing minep kuwi banjur kula
nuwun, atine ditatag-tatagake. Let sedhela keprungu kumleseting sikil nyedhaki
lawang, wusana jeglek lawang menga Sisca mencungul karo gita-gita ngacarani
tembunge grapyak sumanak :
?Oh mas Agus ? kene tindak mlebu. Kebeneran mas,
kabeh mlumpuk, dadi penjenengan bisa kenalan. Sawise Agus mlebu, sing padha
lenggah kabeh ngadeg nyalami kanthi polatan sumringah. Sisca dhewe banjur
lungguh njejeri karo kandha :
?Maaf ya mas, sementara aku ra bisa nemoni njenengan
? sibuk?. Kandhane sawise padha bali lenggah Bu Harga ngendika :
?Nak Agus, punika mbakyu lan kamas kula ingkang
wonteng Semarang, dene pemudha tiga punika penakan kula. Lha punika pun
Waskitho ingkang mbajeng, ingkang setaun kepengker dipun tabisaken dados rama.
Sajengkaripun rama Nandi, penakan kula Waskitho dipun dhawuhi rerencang dening
rama Daris wonten ing Paroki Mlati mriki, makarya kangge sawetawis.
Pramila Sisca ingkang kerep kadhawuhan dening rama
Daris, mubeng-mubeng ningali wilayah-wilayah ingkang klebet kukuban paroki Mlati.?
Ngono ngendikane Ibu Harga iya Ibune Sisca cetha.
Glek ? atine Agus, sing maune gelem-gelem nesu,
panas, cemburu ? mak klumpruk lemes. Ajer ? lumer ? anyes kaya siniran banyu
sewindu.
Jebul pangirane kleru. Waskitho sing sok ngajak
mubeng-mubeng numpak mobil bareng Sisca, kejaba isih sedulure, uga sawijining
rama pastur sing isih kebul-kebul anyar, lagi taun wingi ditabiske dadi rama.
Mula besuk maneh aja sok kesusu, sing tundhone mundhak kleru.
Kapethik saking modul
basa jawa ‘KAWURYAN’ lan pinten – pinten sumber kanthi ewah- ewah saperlunipun
http://cerkak-jawa.com/?p=24http://jogjatv.tv/konsumsi-ulam-ing-diy-taksih-andhap/
-Nyuwun pangapunten aggen kula nyerat kathah klenta-klentu-
Tidak ada komentar:
Posting Komentar