Selasa, 23 Mei 2017

CERITA CEKAK
Pangertosan Cerita Cekak
Cerita cekak utawi cerkak inggih menika salah satunggaling wujud prosa naratif fiktif.
Miturut sujarahipun cerkak menika wiwitanipun saking tradhisi cariyos lisan ingkang misuwur.
Struktur Dramatis ing Cerita Cekak
Ø  Eksposisi (ingkang nglantarken setting, wekdal saha paraga baku)
Ø  Komplikasi (kadadosan ing salebeting cariyos ingkang nepangaken konflik)
Ø  Krisis (wekdal ingkang nemtokaken paraga baku anggenipun tumindak rikala ngadhepi konflik )
Ø  Klimaks (punjering cariyos ingkang dados perangan ingkang wigati piyambak)
Ø  Wasana (peranganing cariyos rikala konflik saged karampungaken)
Ciri – Ciri Cerita Cekak :
Ø  Kadadosan saking setunggal adegan
Ø  Gadhah setunggal plot/alur
Ø  Setting ingkang tunggal
Ø  Cacahing paraga ugi winates

Cerita cekak gadhahi kalih unsur inggih punika :
Unsur Intrinsik
Unsur intrinsik inggih punika unsur ingkang wonten ing salebeting cerkak piyambak.
Ingkang kalebet unsur intrinsik:
1.      Tema inggih punika underaning cariyos ingkang dipunpitados saha dipundadosaken underaning cariyos
2.      Latar (setting) inggih punika panggenan, wekdal, swasana ingkang wonten ing salebetipun cerkak.
3.      Alur (plot) inggih punika reroncening kadadosan ingkang wonten ing salebeting cariyos.
Alur kaperang dados 3 inggih punika :
a.       Alur maju inggih punika reroncening kadadosan ingkang urutaning manut kaliyan urutaning wekdal kadadosan ingkang wonten ing cariyos utawi cariyosipun tansah lumampah majeng.
b.      Alur mundur inggih punika reroncening kadadosan ingkang urutn kadadosanipun boten miturut urutan wekdal kadadosan utawicariyos ingkang lampahipun mundur.
c.       Alur campuran inggih punika campuran antawisipun alur maju lan alur mundur.
                 Alur punika kaperang dados pinten- pinten tataran, inggih punika:
a.       Pangantar inggih punika perangan cariyos ingkang awujud gegambaran wekdal, panggenan saha kadadosan ingkang wonten ing wiwitanipun cariyos.
b.      Wiwitaning perkawis inggih punika peranganing cariyos ingkang minangka gegambaran perkawis ingkang dipunandhepi dening paraga cariyos.
c.       Klimaks inggih punika perkawis ingkang wonten ing cariyos ingkang minangka undering cariyos.
d.      Antiklimaks inggih punika perkawis sekedhik mbaka sekedhik sampun saged dipunlampahi, raos sumelang ugi sampun wiwit ical.
e.       Resolusi inggih punika perkawis sampun saged karampungaken.

4.      Watak inggih punika gegambaran watak utawi karakter paraga – paraga ingkang wonten ing cariyos, bab watak punika saged dipuntingali saking 3 aspek, inggih punika:
a.       Pacelathon paraga
b.      Gegambaraning paraga
c.       Gegambaraning blegeripun paraga
Kangge nggambaraken watak wantuning setunggaling paraga, panyerat limrahipun ngginakaken teknik :
a.       Teknik analitik, watak wantuning paraga kagambaraken kanthi langsung dening panyerat.
b.      Teknik dramatik, watak wantuning paraga kagambaraken kanthi:
1)      Nggambaraken bab badan saha tindak – tandukipun
2)      Nggambaraken lingkungan gesangipun paraga
3)      Basa ingkang kaginakaken paraga
4)      Cara anggenipun mikir saking paraga
5)      Cara wontenipun paraga sanes.
5.      Nilai (amanat)/ piwulang luhur inggih punika piweling ingkang badhe kaaturaken dening panganggit lumantar cariyos utawi piwulang ingkang badhe kaparingaken dhateng soksintena ingkang purun maos cariyos dening panyerat.
6.      Cara panyerat nyariyosaken (sudut pandang/ point of view), inggih punika kalenggahan panyerat rikala nyariyosaken. point of view punika wosipun kapantha dados kalih, inggih punika:
a.       Minangka tiyang ingkang kapisan, pnyerat ndherek minangka paraga ing cariyosingkang kacariyosaken.
b.      Minangka tiyang ingkang katiga, payerat minangka dhalang ing cariyos pun.
7.      Gaya bahasa/lelewaning basa.


Unsur Ekstrinsik
Unsur ekstrinsik inggih punika unsur – unsur ingkang wontenipun ing sanjawninipun cariyos ananging gadhah pangaribawa ingkang boten langsung ing cariyos punik. Unsur ekstrinsik :
a.       Nilai – nilai ing salebeting cariyos (agami, kabudayan, politik, ekonomi)
b.      Latar belakang gesangipun panganggit
c.       Kahanan sosial rikala cariyos punika didamel.


Tuladha cerkak :

Kleru
Posted on December 27, 2009 by niniklenyem
?

Kagem ngisi Tabloid Kasih

Wiwit dikandhani Nafsiah putrane pak Waji Cholil sing omahe pernah kulone, Agustinus Jatmiko dadi anteng wegah omong.

Batine lara lan mangkel dening sikape Fransisca Artini pacare, sing keri-keri iki enteng-entengan rana-rene karo pemudha liya.

Agus pancen dudu bocah sing gampang cemburuan, ning sing ngandhani ora mung Nafsiah thok, Bawor bakule es ngarepe ya kandha :

?Mas Agus, Mbak Sisca niku saniki kerep liwat dalan niki numpak mobil kalih lare jaler sami njenengan.

Mobile nggih sok jip ? sok sedhan, mboten mesthi. Ning plate mesthi H.? Kandhane Bawor serius.

?Enggih ta kang Bawor ?, njur ??

?Nek wangsule nggih mlebet pekawisan ngriku, daleme pak mantri Harga, nggih griyane Mbak Sisca.?

?Sampeyan empun sumerep ping pinten kang ?? Agus nanjih.

?Wah Minggu niki pun wongsal-wangsul kok, Mbak Sisca nek lenggah nggih mesthi teng sopiran ? jejer.? Atine Agus wiwit panas. Apa hiya Sisca pacare ngiyanati katresnane ? Mangka Sisca wis nate janji, sawise Agus rampung kuliahe, gelem diring. Genea saiki kok ngono ?

Apa maneh Bapak Ibu Harga yo wis menehi lampu ijo. Maune kandhane wong-wong kuwi ora digubris, ning bareng Bawor sing olehe dodol es neng ratan pener longopan dalan cedhake Sisca sing kandha, njur ngandel.

Apa maneh, pirang-pirang kegiatan Mudika iki, Sisca ora tau ketok, rasa cubriyane saya ndadi.

Yen nyata-nyata pemudha sing sok nggawa Sisca metu nggawa mobil kuwi arep ngrebut pacare, Agus ora bakal gigrik, arep diadhepi secara jantan. Ala-ala dheweke rak ya tilas pelatih bela dhiri ing paguyuban pencak silat Mawar Putih. Mula Agus weling Bawor, yen pemudha kuwi ketok neng omahe Sisca, kon ngandhani srana S.M.S, Bawor saguh.

Agus dhasar bocah mugen tur sregep, wektune mung temen-temen kanggo sinau lan mbantu wong tuwa, uga ngombyongi kegiatan Mudika.

Sore bubar adus, ndadak krungu HPne muni, gage dicandhak. ?Hallo? ? oh ? kang Bawor. Embuh piye swara saka adoh kana, ning praupane Agus dadakan malih. HP dipateni njur disak.

Batine kebak tandha pitakon, ngapa kok sing teka mobil loro gek ana wonge tuwa lanang wadon ?, gek-gek arep ngrembug Sisca.

Ah pikirane njur kuwur, bingung. Gek-gek tenan, Sisca ingkar janji milih pemudha sing nduwe mobil, timbang dheweke mahasiswa mlarat.

Wis embuh, niyate arep mara mbuktekke. Yen tenan ?, sisan olehe arep medhot sesambungan neng ngarepe wong tuwane.

Agus dandan rapi, ati ditata, senajan wis siap jurus-jurus maute, yen mengko pemudha kuwi nganti ngetokke kemakine.

Dheg ? mlebu pekarangan weruh mobil loro, ngarep lawang kamar tamu akeh sandhal, nyata kandhane Bawor, akeh tamu.

Agus nyedhaki lawang sing minep kuwi banjur kula nuwun, atine ditatag-tatagake. Let sedhela keprungu kumleseting sikil nyedhaki lawang, wusana jeglek lawang menga Sisca mencungul karo gita-gita ngacarani tembunge grapyak sumanak :

?Oh mas Agus ? kene tindak mlebu. Kebeneran mas, kabeh mlumpuk, dadi penjenengan bisa kenalan. Sawise Agus mlebu, sing padha lenggah kabeh ngadeg nyalami kanthi polatan sumringah. Sisca dhewe banjur lungguh njejeri karo kandha :

?Maaf ya mas, sementara aku ra bisa nemoni njenengan ? sibuk?. Kandhane sawise padha bali lenggah Bu Harga ngendika :

?Nak Agus, punika mbakyu lan kamas kula ingkang wonteng Semarang, dene pemudha tiga punika penakan kula. Lha punika pun Waskitho ingkang mbajeng, ingkang setaun kepengker dipun tabisaken dados rama. Sajengkaripun rama Nandi, penakan kula Waskitho dipun dhawuhi rerencang dening rama Daris wonten ing Paroki Mlati mriki, makarya kangge sawetawis.

Pramila Sisca ingkang kerep kadhawuhan dening rama Daris, mubeng-mubeng ningali wilayah-wilayah ingkang klebet kukuban paroki Mlati.? Ngono ngendikane Ibu Harga iya Ibune Sisca cetha.

Glek ? atine Agus, sing maune gelem-gelem nesu, panas, cemburu ? mak klumpruk lemes. Ajer ? lumer ? anyes kaya siniran banyu sewindu.

Jebul pangirane kleru. Waskitho sing sok ngajak mubeng-mubeng numpak mobil bareng Sisca, kejaba isih sedulure, uga sawijining rama pastur sing isih kebul-kebul anyar, lagi taun wingi ditabiske dadi rama. Mula besuk maneh aja sok kesusu, sing tundhone mundhak kleru.

Kapethik saking modul basa jawa ‘KAWURYAN’ lan pinten – pinten sumber kanthi ewah- ewah saperlunipun
                 http://cerkak-jawa.com/?p=24http://jogjatv.tv/konsumsi-ulam-ing-diy-taksih-andhap/

                                -Nyuwun pangapunten aggen kula nyerat kathah klenta-klentu-

PAWARTOS
Pangertosan Pawartos
Pawartos inggih menika palaporan ngengingi kadadosan arupi paparan fakta saha data ngengingi kadadosan kasebat
Unsur Fakta Ingkang Wonten Ing Pawartos  Inggih Menika : (5W + 1H)
Ø  Who (sinten)
Ø  What (menapa)
Ø  When (kapan)
Ø  Why (kenging menapa)
Ø  Where (wonten pundi)
Ø  How (kadospundi)
Jinising Pawartos Antawispun :
Ø  Pawartos langsung (Straight news)
Ø  Pawartos mendalam (depth news)
Ø  Pawartos opini (opini news)
Ø  Pawartos photo
Struktur Panyeratan Pawartos :
*      Irah – irahan (head)
*      Baris tengah (dateline)
*      Teras pawartos (lead)
*      Wos pawartos (body)
Perangan Ingkang Nemtokaken Bobot Biji Pawarta Inggih Menika :
1.      Aktualitas
2.      Sesambetan kaliyan papan kadadosan
3.      Sesambetan kaliyan unsur- unsur ingkang katut ing saklebetipun kedadosan
4.      Sesambetan kaliyan padamelan pamaos/ pamiyarsa
5.      Jangkepipun pawartos
Perkawis Ingkang Perlu Dipungatosaken Nalika Mirengaken Pawartos Utawi Informasi Inggih Menika :
a.       Mangertosi kanthi cetha perkawis ingkang dipunaturaken
b.      Mbedakaken  informasi ingkang wigati saha ingkang boten wigati
c.       Nyathet  informasi ingkang leres saha permati



Perkawis Ingkang Kedah Dipungatosaken Nalika Maringi Panyaruhipun Inggih Menika :
1.      Panyaruhipun menika sak mesthi nipun dipunaturaken kanthi cekak aos, padhat saha dipunronce kanthi sae
2.      Perkawis utawi bab ingkang dipunparingi panyaruhipun kedah cetha
3.      Tembung - tembung saha ukara ingkang dipunginakaken kedah gampil dipunngertosi utawi dipunpahami
4.      Panyaruhipun menika kedah dipunparingi lelandesan ingkang logis, saged ugi dipuntambahi fakta saha bukti- bukti ingkang relevan (nggadahi sesambetan) 
Tuladha Pawartos
Konsumsi Ulam Ing Diy Taksih Andhap
Sleman, www.jogjatv.tv – Sinaosa asil panen ulam ing sleman saya mindhak nanging rata- rata tingkat konsumsi ikan ing DIY, kalebet sleman taksih andhap. Awit saking punika, Deputi Kementrian Koordinator Bidang Kemaritiman Republik Indonesia, Safri Burhanuddin ngajab supados Pemkab Sleman kupiya njurung masyarakat supados greget konsumsi ulam kanthi miyaraken budidaya ulam ing wewengkonipun.
Ing sak sela-selaning kunjungan budidaya pertanian padi bersama ikan – mina padi ing Padukuhan Cibuk, Desa Margoluwih, Kecamatan Seyegan Sleman, Deputi Kementrian Koordinator Bidang Kemaritiman Republik Indonesia, Safri Burhanudin mratelakaken, miturut data pusat statistik, tingkat konsumsi ulam ing  DIY saweg 27 kilogram per kapita dene ing Sleman, langkung andhap malih namung 22,29 kilogram per kapita kamangka rata-rata konsumsi ikan tingkat nasional, 40 kilogram per kapita. Awit saking punika, Safri Burhanudin ngajab Pemkab Sleman grengseng njurung masyarakat supados remen nedhi ulam awit badhe ndayani tumrap kalantipan.  Miturut asil panaliten, tetiyang ingkang  kathah nedhi ulam dados lantip dene budidaya ulam ing  Sleman ugi kedah dipun rembakaken.
Miturut Kepala Dinas Pertanian dan Perikanan Kabupaten Sleman, Widi Sutikno, sawetawis taun pungkasan produksi ulam ing Sleman saben taun mindhak lan ing taun 2016 produksinipun ngantos 30 ewu ton. Ngengeti budidaya ikan bersama padi – mina padi asilipun maremaken kangge ngindakaken produk ulam pehakipun badhe nggrengsengaken budidaya mina padi supados asil panen pantun lan ulam ing Sleman saya mindhak.  ( Subardi )

Kapethik saking modul basa jawa ‘KAWURYAN’ lan pinten – pinten sumber kanthi ewah- ewah saperlunipun
                              http://jogjatv.tv/konsumsi-ulam-ing-diy-taksih-andhap/vv
                       

                                    -Nyuwun pangapunten aggen kula nyerat kathah klenta-klentu-

                

UYON- UYON




Pangertosan Uyon-Uyon
Ø  Uyon-uyon Saking tembung ‘manguyu-uyu’ inggih menika pasugatan gendhing mirunggan ing adicara pahargyan pinanganten utawa ing pagelaran ringgit purwa.
Ø  Unining gendhing tanpa joged utawi umumipun kanthi thuthukan alon
Ø  ‘uyu’, (kn.) Gegendhingan nabuh gamelan (ing nalikane duwe gawe) miturut Baoesastradjawa W.J.S Poerwadarminta
Tuladha Uyon-Uyon :

                                          


Kasusastran Kang Tinemu Ing Gendhing

1.      Cakepan inggih punika syair, tetembungan kang dienggo ing tembang.
2.      Cengkok inggih punika lak-luking swara kanggo nglagokake tembang.
3.      Gendhing inggih punika lelagoning gamelan kawangun sakiing mawarni aspek karawitan.
4.      Gamelan inggih punika piranti karawitan kanggo ngiringi tembang, kayata; bonang, kendhang, gong kempul, gender, gong gedhe, peking demung, saron, kenong, slenthem, gambang, rebab, siter,lsp.
5.      Laras inggih punika rasa thinthingane swara cendhak nganti swara dhuwur.
6.      Titi laras inggih punika angka minangka gantine laras (swara cendhak tekan swara dhuwur)
7.      Pathet inggih punika ukuran cendhek lan dhuwure swara kanggo nglagokake tembang.
8.      Pedhotan inggih punika pamedhoting swara ing tengahing tembang ing saben larik.
9.      Senggakan inggih punika unen-unen mawa lagu ing satengahing tembang kang binarung swaraning gendhing/ pradangga.
10.  Swarawati inggih punika waranggana, pesindhen, penyanyi putri.
11.  Wiraswara inggih punika penyanyi kakung.
12.  Gerong inggih punika tembang kang dilagokake bareng karo gamelan kanggo mbarengi gendhing, dene sing gerong para wiraswara/pradangga.
13.  Sindhenan inggih punika tetembangan kang dilagokake dening waranggana utawa pesindhen binarung swaraning gamelan/ lelagoning gendhing.
14.  Irama inggih punika ukuran rindhik rikating panabuhing gamelan.
15.  Bawa inggih punika tembang kanggo mbukani gendhing utawa miwiti gendhing tanpa tabuhan.
16.  Buka inggih punika tetabuhan utawa swara kang kanggo bukani gendhing.
17.  Blimbingan inggih punika wujud wilahan gender, slenthem, demung, saron, peking sing tebgahe nganggo lingiran (penampang trapesium)
18.  Niyaga inggih punika paraga kang ngayahi nabuh gangsa.
19.  Paniti inggih punika paraga kang kajibah mranata tata rakiting gangsa ing panggungan lan ngupakawis gangsa.
20.  Karawitan inggih punika gumelaring gangsa saprabote, saged wujud pagelaran mandhiri utawa kangge ngiringi pagelaran liyane (ringgit, kethoprak, ludrug lsp)
21.  Waranggana inggih punika wanita ingkang ngrengga karawitan kanthi tetembangan/ sesindhenan
22.  Saprangkat inggih punika gangsa jangkep, laras slendro lan pelog
23.  Sapangkon inggih punika namung laras slendro utawi pelog kemawon
24.  Cokekan inggih punika pagelaran karawitan kang ricikanipun gender, slenthem, kendhang batangan, siter , gong kemodhong.
25.  Alusan inggih punika gender,  gambang, rebab, siter, suling
26.  Balungan inggih punika demung, saron, peking


Kawruh Budaya Gamelan Jawa
  
Gamelan miturut Baoesastra Djawa W.J.S Poerwadarminta inggih punika arane tetabuhan kang rericikane (instrumen) akeh banget. Bahan sing biasane dianggo nggawe gamelan arup perunggu utawa gangsa (campuran tembang lan timahsari), kuningan saha barut ( wesi lan plat).Gamelan komplit iku nduwe 2 laras inggih punika gamelan slendro lan gamelan pelog.
Laras slendro beda karo pelog, ing slendro ora ana nada 4 (papat/pat) karo 7 (pitu/pi).
Laras slendro nduwe 5 nada inggih punika 12356 kanthi interval kang padha. Dene laras pelogiku nduwe 7 nada 1234567. Nadyan mangkono, gamelan dhasare ana 5 nada (penta=5, tone = nada)
Laras ingih punika swara kang ajeg dhuwure, ora owah, kasebut uga nada, sistemnada/ tonalsyste. Laras slendro (Sl.) ateges sistem nada kang manut cendhek-dhuwure lan interval saka gamelan slendro, semono uga laras pelog (Pl.). titi laras inggih punika notasii nada kang tulis manut sistemnada laras lan pathete. Dene pathet (Pt.) inggih punika ukuran cendhek- dhuwuring laras, minangka wates wilayahh nada. Pathet ing laras slendro iku antane, pathet Nem (6), pathet Sanga (9), lan pathet Manyura (Myr). Dene pathet ing laras pelog inggih punika, pathet Lima (5), pathet Nem (6), lan pathet Barang (Br).


Rericikan Gamelan





1.       Wujud Tebokan
Ricikan gamelan ingkang wujud tebokan kayadene bedhug, kendhang, ketipung, tambur. Cara nabuh dithuthuk (bedhug, tambur) dikebuk/ keplak/ tabok (kendhang).

KENDHANG

Kendhang iku piranti gamelan kang ditabuh nganggo kombinasi antara tlapakan karo driji (dikebuk). Wujude kendhang meh silindher, simetris, ing salah siji sisih rada gedhe tinimbang sisih lawane. Swara kendhang umume inggih punika : dlang, dlong, dhah, dheng/nggen, thung, ket, tong lan tak. Jinising  swara iku metu saka carane nabuh kang beda-beda.
Kendhang gendhing utawa kendhang ageng iku kendhang sing paling gedhe ukurane dibandhing kendhang liyane. Kendhang gendhing iku uga ngasilake swara kang cendhek dhewe tinimbang kendhang liyane.
Kendhang ketipung utawa biasa iku kendhang kang cilik dhewe lan ngasilake swara paling dhuwur dibandhing kendhang liyane. Ketipung biasane ditabuuh bareng kara kendhang ageng.
Kendhang batangan utawa kendhang ciblon iku kendhang sing nduwe ukuran sedheng, luwih cilik sithik dibandhing kendhang ageng lan kendhang sabet. Swara kendhang iki luwih dhuwur dibandhing kendhang ageng.
Kendhang wayangan utawa kendhang sabet/kosek iku kendhang sing nduwe ukuran sedheng, luwih cilik sithikk dibandhing kendhang ageng ning  luwih gedhe sithik dibanding ciblon. kendhang sabet ngasilaken swara luwih dhuwur dibandhing kendhang ageng.
KAWRUH BAB KENDHANG
·         Dipundamel saking kajeng(klowongan/urung) saha wacucal
·         Tebokan, wawucal ingkang nutup kiwa tengen bolongan klowongan/urung
·         Janget, tali wawucal ingkang kangge nyeneng tebokan
·         Suh, karah saking wawucal kangge ngenceengi utawi ngendhongi jannget gayut suwanten kendhang
·         Plangkan : rancakan/piranti kanggo nyelehake kendhang
·         Jinis: kendhang ageng/bem, batangan/gembyakan,penunthung,ketipung, kosek, jaipong

2.      Wujud wilahan 
Piranti gamelan ingkang awujud wilahan antawisipun :
GENDER
Gender iku perangkat gamelan Jawa kang kasusun ing papan kaya ayunan la ing ngisore ana tabung/silinder kan fungsine kanggo ngatur gema swarane.
 KAWRUH BAB GENDER
·         Wujud wilahan, dipunrenteng ngangge pluntur, dipunkancing ngangge sindik, saben let 2 wilah dipunsangga ngangge sanggabuwana
·         Pluntur di pantheng dhateng golekan
·         Sangandhping wilah kaparingan bumbungan minangka resonator
·         Cacah wilahan padatan 14 wilah, saka laras 6 ageng – laras 3 alit
·         Wonten kalih jenis gender : gender barung lan gender penerus
·         Miturut titi laras : ggender slendro, gender pelog bem, gender pelog barang
·         Tabuh gender sinebat bendha




SLENTHEM
Slenthem iku kagolong gamelan wujud balungan kang ngasilaken swara alus katimbang balungan liyane.
KAWRUH BAB SLENTHEM
·         Ugi sinebat gender penembung/ gender gantung
·         Wujud wilahan, dipunrenteng mawi pluntur ingkang  dipunpantheng dhateng golekan, dipunkancing ngangge sindik, saben let wilah dipinsangga ngangge sanggabuwana
·         Sangandhaipun wilah kaparingan bumbung minangka resonator
·         Miturut titi laras : slenthem slendro lan slenthem pelog
·         Cacah wilah slenthem pelog 7 wilah, slendro 6

GAMBANG
Wujud gambang meh padha saron ning luwih gedhe tur dawa lann wilahane digawe saka kayu. Ukuran wilah gambang udakara 29 cm nganti 58 cm. Wilah kang luwih gehe iku swarane luwih rendah lan kabeh cacahe wilahan gambang ana 19 nganti 20 wilah.
KAWRUH BAB GAMBANG
·         Wilahan padatan dipundamel saking kajeng berlian utawa kajeng lengki, rancakan ngiras resonator
·         Sarancak padatan isi 21 wilah, wiwit laras 5 andhap ngantos laras 5 inggil
·         Miturut titilaras : gambang slendro, pelog bem, pelog barang. Supados ringkes, gambang pelog lajeng mawi sorogan wilah laras 1 lan 7
·         Tabuh gambang ugi  sinebat bendha

DEMUNG
Saron iku prangkat gamela wujud wilahan logam kang kasusun sanduwure rancakan kayu. Ana 3 jinis saro inggih punika : Saron demung, saron barung/ricik, lan saron penerus/peking.
SARON DEMUNG
Saron demung iku jinis saron kang palin gedhe ukurane. Wila saron demumg iku paling gedhe inggih punika ukuran kira-kira 35,5 cm dawa lan lebar 9 cm.


KAWRUH BAB DEMUNG
·         Wilahan saking logam, dipuntumpangake rancakan ngangge bantalan tawoan, di kancing ngangge paku, rancakan ngiras resonator
·         Ricikan balungan ingkang ukuranipun ageng piyambak
·         Demung pelog sarancak 7 wilah : 1, 2, 3, 4, 5, 6, 7
·         Demung slendro sarancak 6 wilah : 1, 2, 3, 5, 6, 1 nanging ugi wonten ingkang 7 wilah : 6, 1, 2, 3, 5, 6, 1
·         Tabuhipun sinebat gandhen   
SARON BARUNG
Saron barung utawa saron ricik iku prangkat gamelan jinis saron tengah – tengah inggih punika anatarane peking lan demung. Wilah saron barung iku luwih gedhe dibanding saron penerus ning luwih cilik dibanndhing saron demung. Wilah kang luwih dhuwur swarane, ukurane luwih cilik. Saron barung ngasilake swara luwih dhuwur saoktaf dibanding saron demung.
KAWRUH BAB SARON BARUNG
·         Wilahan saking logam, dipuntumpangaken rancakan ngangge bantalan tawonan, dipunkancing ngangge paku, rancakan ngiras resonator
·         Kalebet ricikan balungan, wangunipun memper demung namung ukuranipun langkung alit
PEKING
Peking utawa saron penerus ikujinis saron kang cilik tinimbang saron barung lan demung, nanging wilahane luwih kandel. Wilah kang luwih dhuwur swarane, ukurane luwih cilik. Wilah saron penerus kang paling cilik dawane watara 18 cm lan amba 4 cm. Saron panerus nasilaken swara luwih dhuwur saoktaf dibandingake karo saron barung.
KAWRUH BAB PEKING
·         Wilahan saking logam, dipuntumpangaken rancakan nganggo bantalan tawonan, dipunkancing nganggo paku, rancakan ngiras resonator
·         Ricikan balungan ingkang ukuranipun alit pyambak
·         Ugi sinebat saron penerus utawi thithi
·         Padatan gandhen dipundamel saking singat/sungu mahesa, dipunangkah atosipun

3.      Wujud wilahan pencon
Piranti gamelan ingkang awujud wilahan pencon antawisipun :
                                                 
GONG KEMODHONG

KAWRUH BAB GONG KEMODHONG
·         Gong wujud wilahan ngangge pencu, dipunrenteng ngangge pluntur, dipunkancing sindik, dipunpantheng dhateng rancakan ing salabatipun kaparingan klenthing kangge resonator
·         Padatan sarancak cacah 2 wilah, dipuntabuh teturutan
·         Tabuhipun sinebat gembel
KECER
Kecer ingih punika perangkat gamelan ditangkubake ing pasangane. Biasane ditabuh knggo ngiringi  lelagon dolanan ing pagelaran karawitan.
KAWRUH BAB KECER
·         Wujude kaya piringan simbal nanging ukuranipun cilik
·         Sarancak isi kalih tangkep
·         Cara nabuh di aben wilah
           
4.      Wujud pencon
Piranti gamelan ingkang awujud pencon antawisipun :
BONANG
Bonang iku salah sawiijining perangkat gamelan kang awujude arupa pencon. Bonang iku ditata dadi rong baris, saben sabaris gamelan slendro ana 5 pencon lan uga kang ana 6 pencon, dadi cacahe kabeh ana 10 utawa 12. Dene saben sabaris gamelan pelog ana 7 pencon lan cacahe kabeh ana 14. Wujude bonang iku ana 3, inggih punika bonang panembung kang  wujude palinng gedhe, bonang barung kang wujude luwih cilik saka bonang panembung, lan bonang penerus minangka bonang kang cilik dhewe. Gedhe cilike wujud pencon bonang mau mratandhani asiling swara/karakter bonang siji lan sijine. Bonang kang asring mbukani gendhing inggih punika bonang barung.
KAWRUH BAB BONANG
·         Wonten 3 jinis : bonang penembung, barung, penerus
·         Wujud pencon, dipuntata larik 2 sab, tumumpang pluntur kang dipunpantheng ing rancakan
·         Sab nginggil (tebih saking niyaga) sinebat brunjung, sab ngandhap (caket niyaga)Sinebat dhempok
·         Bonang laras slendro saben rancak padatan isi 10 pencu
·         Bonang laras pelog saben rancak padatan isi 14 pencu
KETHUKK LAN KEMPYANG
Kethuk lan kempyang iku perangkat gamelan wujud pencon kang kasusun ing papan kaya ayunan, dadi cara natane mirip karo kenong lan bonang. Rancakan kethuk lan kempyang iku luwih cendhek dibanding kenong.
KAWRUH BAB KETHUK LAN KEMPYANG
·         Kethuk wujud pencon kados ricikan bonang, padatan mawi laras 2 ageng
·         Kempyang mawi laras 1 inggih utawi 7
·         Pigunanipun kangge tandha ajengiing wirama (pamenku wirama) saha nedahaken jinising gendhing (lancaran, ladrang, ketawang isp)
·         Tabuhanipun sinebat bindi
KENONG
Kenong iku perangkat gamelan wujud pencon kang kasusun ing papan kaya ayunan, dadi cara natane mirip karo bonang, kempyang, lan kethuk. Ing kelompok perangkat gamelan kang diayun iki  kenong nduwe ukuran sing paling gedhe
KAWRUH BAB KENONG
·         Wujud pencon, langkung ageng lan inggil tinimbang bonang
·         Tumrap saprangkat gamelan ingkang tumbuk laras 6, cacahing kenong padatan 10 pencon : 1s, 2s, 3s, 5s, 6s ,1p, 2p, 3p, 5p. Kawimbuhan kenong japan laras 5 ageng
                                                            KEMPUL
Kempul iki biasane digantung kaya umume perangkat gong. Kempul iki cacahe gumantun jinis pagelarane, dadi ora mesthi. Bentuke kaya gong nanging luwih cilik lan diameter umum kira- kira 45 cm. Kempul ngasilake swara kang luwih dhuwur tinimbang gong, kempul kang ukurane luwih cilik swarane luwih dhuwur maneh.
KAWRUH BAB KEMPUL
·         Wujud pencon, digantung neng gayor ngganggo pluntur
·         Perangane : pencu, praen, widhangan/bahu, gegesan
·         Gayor ngayogjan padatan di sukani canthelan, rinengga cundhuk lunglungan
·         Gayor surakartan padatan boten mawi canthelan, rinengga cundhuk nagan
·         Tabuhing sinebat gembel
·         Saprangkat gangsa tumbuk laras 6, kempul cacah 10 yaiku laras : 1s, 2s, 3s, 5s, 1p, 2p, 3p, 5p, 7p.

GONG
Gong iku piranti gamelan Jawa kan ditabuh, digawe saka tosan, lan nduwe ukuran kang gedhe dhewe. Piranti iki biasane dipapanke ing mburi dhewe, digantung ing gayor kang umum digawe saka kayu ukuran gedhe. Wujude gong :bunder, permukaane rata ning ana tonjolan ing tengah – tengah. Gong nduwe swara kang gedhe lan nadane paling cendhek tinimbang nada piranti gamelan liyane. Jinising gong inggih punika : gong ageng,suwukan
GONG AGENG
Gong ageng iku gong kang paling gedhe diametere udakara 80 nganti 100 cm utawa sekitar 24 inci. Gong ageng nduwe nada paling rendah dibanding swara piranti gamelan liyane .
KAWRUH BAB GONG AGENG
·         Wujud pencon, ukuranipun ageng piyambak, garis tengah langkung saking 90 cm, dipungantung wonten gayor nggunakake pluntur
·         Saprangkat gangsa ageng,  padatan wonten  2 gong ageng laras 3 ageng lan 5 ageng
·         Tabuhane sinebat gembel
GONG SUWUKAN
Gong suwukan utawa siyem iku gong kang diametere 50 nganti 60 cm. Gong suwukan nduwe nada luwih dhuwur dibanding gong ageng.
KAWRUH BAB GONG SUWUKAN
·         Wujud pencon, ukuran langkung ageng tinimbang kempul, dipungantung wonten gayor nggangge peluntur
·         Ugi sinebat gong suwukan
·         Saprangkat mbetahaken 6 suwukan, i.p laras ageng : 1s, 2s, 6s, 1p, 2p, 7p

5.      Wujud kawatan
Piranti gamelan ingkang awujud kawatan antawisipun :
REBAB
Rebab iku gunane kanggo murba lagu, gawe variasi lagu, lan uga kanggo mbukani gendhing.



KAWRUH BAB REBAB
·         Dipun damel saking kajeng utawi gendhing, membran, saha kawat
·         Perangaipun inggih menika popor ngisor, cakilan, bathokan, membran, watangan, kupingan, cundhuk, jendra, srenten, bremara
·         Cara ngungelaken dipunkosok/gesek mawi senggreng
·         Senggreng di damel saka kajeng lan bubat (rambut jaran)
CELEMPUNG LAN SITER
KAWRUH BAB CELEMPUNG
·         Dipundamel saking kajeng saha kawat
·         Rancakan ngiras resonator
·         Amrih ringkes, dipundamel wolak walik laras slendro pelog
·         Cara ngungelaken dipunpethik/cuwik ngangge kuku jempol asta
·         Saben titi laras dumados saking 2 kawat, caranipun nglaras dipunpanthe
·         Senggreng dipundamel sakiing kajeng saha bubat (rambut jaran)
KAWRUH BAB SITER
·         Sami kadosdene siter nanging langgkung ageng
·         Tumrap gangsa ageng/jangkep dipuncawisken clempung cacah 3, inggih punika laras slendro, pelog bem saha pelog barang

6.      Wujud pipa
Piranti gamelan ingkang awujud pipa antawisipun :

SULING
 Suling iku kalebu piranti musik kang disebul, swara suling diasikake saka rongga angin sing digeterake liwat sebulan angin. Frekuensi gelembonge gumantung karo ukuran dawa rongga angin sing digeterake.
KAWRUH BAB SULING
·         Dipundamel saking deling/pring
·         Padatan dipuncawisaken kalih, suling laras slendro lan pelog
KEMANAK
Kemanak inggih punika perangkat gamelan kang wujude memper gedhang. Kemanak iku biasane ditabuh kanggo ngiringi bedhayan.
TABUHING GAMELAN




Kapethik saking modul basa jawa ‘KAWURYAN’ lan pinten – pinten sumber kanthi ewah- ewah saperlunipun
https://yudhipri.wordpress.com/2010/06/15/bagian-alat-musik-gamelan/
                             
                       

-Nyuwun pangapunten aggen kula nyerat kathah klenta-klentu

Resensi Buku

RESENSI BUKU Judul Buku : Metodologi Penelitian Petunjuk Untuk Peneliti Pemula Pengarang : Prof. Ir. Sukandarrumidi, MSc., P.D. P...