Pangertosan Uyon-Uyon
Ø Uyon-uyon Saking tembung ‘manguyu-uyu’ inggih menika pasugatan
gendhing mirunggan ing adicara pahargyan pinanganten utawa ing pagelaran
ringgit purwa.
Ø Unining gendhing
tanpa joged utawi umumipun kanthi thuthukan alon
Ø ‘uyu’, (kn.)
Gegendhingan nabuh gamelan (ing nalikane duwe gawe) miturut Baoesastradjawa
W.J.S Poerwadarminta
Tuladha Uyon-Uyon :
Kasusastran Kang Tinemu Ing Gendhing
1.
Cakepan inggih
punika syair, tetembungan kang dienggo ing tembang.
2.
Cengkok inggih
punika lak-luking swara kanggo nglagokake tembang.
3.
Gendhing inggih
punika lelagoning gamelan kawangun sakiing mawarni aspek karawitan.
4.
Gamelan inggih
punika piranti karawitan kanggo ngiringi tembang, kayata; bonang, kendhang,
gong kempul, gender, gong gedhe, peking demung, saron, kenong, slenthem,
gambang, rebab, siter,lsp.
5.
Laras inggih
punika rasa thinthingane swara cendhak nganti swara dhuwur.
6.
Titi laras
inggih punika angka minangka gantine laras (swara cendhak tekan swara dhuwur)
7.
Pathet inggih
punika ukuran cendhek lan dhuwure swara kanggo nglagokake tembang.
8.
Pedhotan inggih
punika pamedhoting swara ing tengahing tembang ing saben larik.
9.
Senggakan inggih
punika unen-unen mawa lagu ing satengahing tembang kang binarung swaraning
gendhing/ pradangga.
10. Swarawati inggih punika waranggana, pesindhen,
penyanyi putri.
11. Wiraswara inggih punika penyanyi kakung.
12. Gerong inggih punika tembang kang dilagokake bareng
karo gamelan kanggo mbarengi gendhing, dene sing gerong para
wiraswara/pradangga.
13. Sindhenan inggih punika tetembangan kang dilagokake
dening waranggana utawa pesindhen binarung swaraning gamelan/ lelagoning
gendhing.
14. Irama inggih punika ukuran rindhik rikating
panabuhing gamelan.
15. Bawa inggih punika tembang kanggo mbukani gendhing
utawa miwiti gendhing tanpa tabuhan.
16. Buka inggih punika tetabuhan utawa swara kang kanggo
bukani gendhing.
17. Blimbingan inggih punika wujud wilahan gender,
slenthem, demung, saron, peking sing tebgahe nganggo lingiran (penampang
trapesium)
18. Niyaga inggih punika paraga kang ngayahi nabuh
gangsa.
19. Paniti inggih punika paraga kang kajibah mranata
tata rakiting gangsa ing panggungan lan ngupakawis gangsa.
20. Karawitan inggih punika gumelaring gangsa saprabote,
saged wujud pagelaran mandhiri utawa kangge ngiringi pagelaran liyane (ringgit,
kethoprak, ludrug lsp)
21. Waranggana inggih punika wanita ingkang ngrengga
karawitan kanthi tetembangan/ sesindhenan
22. Saprangkat inggih punika gangsa jangkep, laras
slendro lan pelog
23. Sapangkon inggih punika namung laras slendro utawi
pelog kemawon
24. Cokekan inggih punika pagelaran karawitan kang
ricikanipun gender, slenthem, kendhang batangan, siter , gong kemodhong.
25. Alusan inggih punika gender, gambang, rebab, siter, suling
26. Balungan inggih punika demung, saron, peking
Kawruh Budaya Gamelan Jawa
Gamelan
miturut Baoesastra Djawa W.J.S Poerwadarminta inggih punika arane tetabuhan
kang rericikane (instrumen) akeh banget. Bahan sing biasane dianggo nggawe
gamelan arup perunggu utawa gangsa (campuran tembang lan timahsari), kuningan
saha barut ( wesi lan plat).Gamelan komplit iku nduwe 2 laras inggih punika
gamelan slendro lan gamelan pelog.
Laras slendro beda karo
pelog, ing slendro ora ana nada 4 (papat/pat) karo 7 (pitu/pi).
Laras slendro nduwe 5
nada inggih punika 12356 kanthi interval kang padha. Dene laras pelogiku nduwe
7 nada 1234567. Nadyan mangkono, gamelan dhasare ana 5 nada (penta=5, tone =
nada)
Laras
ingih punika swara kang ajeg dhuwure, ora owah, kasebut uga nada, sistemnada/
tonalsyste. Laras slendro (Sl.) ateges sistem nada kang manut cendhek-dhuwure
lan interval saka gamelan slendro, semono uga laras pelog (Pl.). titi laras
inggih punika notasii nada kang tulis manut sistemnada laras lan pathete. Dene
pathet (Pt.) inggih punika ukuran cendhek- dhuwuring laras, minangka wates
wilayahh nada. Pathet ing laras slendro iku antane, pathet Nem (6), pathet
Sanga (9), lan pathet Manyura (Myr). Dene pathet ing laras pelog inggih punika,
pathet Lima (5), pathet Nem (6), lan pathet Barang (Br).
Rericikan Gamelan
1. Wujud Tebokan
Ricikan
gamelan ingkang wujud tebokan kayadene bedhug, kendhang, ketipung, tambur. Cara
nabuh dithuthuk (bedhug, tambur) dikebuk/ keplak/ tabok (kendhang).
KENDHANG
Kendhang iku
piranti gamelan kang ditabuh nganggo kombinasi antara tlapakan karo driji
(dikebuk). Wujude kendhang meh silindher, simetris, ing salah siji sisih rada
gedhe tinimbang sisih lawane. Swara kendhang umume inggih punika : dlang,
dlong, dhah, dheng/nggen, thung, ket, tong lan tak. Jinising swara iku metu saka carane nabuh kang
beda-beda.
Kendhang
gendhing utawa kendhang ageng iku kendhang sing paling gedhe ukurane dibandhing
kendhang liyane. Kendhang gendhing iku uga ngasilake swara kang cendhek dhewe
tinimbang kendhang liyane.
Kendhang
ketipung utawa biasa iku kendhang kang cilik dhewe lan ngasilake swara paling
dhuwur dibandhing kendhang liyane. Ketipung biasane ditabuuh bareng kara
kendhang ageng.
Kendhang
batangan utawa kendhang ciblon iku kendhang sing nduwe ukuran sedheng, luwih
cilik sithik dibandhing kendhang ageng lan kendhang sabet. Swara kendhang iki
luwih dhuwur dibandhing kendhang ageng.
Kendhang
wayangan utawa kendhang sabet/kosek iku kendhang sing nduwe ukuran sedheng,
luwih cilik sithikk dibandhing kendhang ageng ning luwih gedhe sithik dibanding ciblon. kendhang
sabet ngasilaken swara luwih dhuwur dibandhing kendhang ageng.
KAWRUH BAB KENDHANG
·
Dipundamel
saking kajeng(klowongan/urung) saha wacucal
·
Tebokan, wawucal
ingkang nutup kiwa tengen bolongan klowongan/urung
·
Janget, tali
wawucal ingkang kangge nyeneng tebokan
·
Suh, karah
saking wawucal kangge ngenceengi utawi ngendhongi jannget gayut suwanten
kendhang
·
Plangkan :
rancakan/piranti kanggo nyelehake kendhang
·
Jinis: kendhang
ageng/bem, batangan/gembyakan,penunthung,ketipung, kosek, jaipong
2.
Wujud wilahan
Piranti gamelan ingkang awujud wilahan
antawisipun :
GENDER
Gender iku perangkat gamelan Jawa
kang kasusun ing papan kaya ayunan la ing ngisore ana tabung/silinder kan
fungsine kanggo ngatur gema swarane.
KAWRUH BAB GENDER
·
Wujud wilahan,
dipunrenteng ngangge pluntur, dipunkancing ngangge sindik, saben let 2 wilah dipunsangga
ngangge sanggabuwana
·
Pluntur di
pantheng dhateng golekan
·
Sangandhping
wilah kaparingan bumbungan minangka resonator
·
Cacah wilahan
padatan 14 wilah, saka laras 6 ageng – laras 3 alit
·
Wonten kalih
jenis gender : gender barung lan gender penerus
·
Miturut titi
laras : ggender slendro, gender pelog bem, gender pelog barang
·
Tabuh gender
sinebat bendha
SLENTHEM
Slenthem iku kagolong gamelan wujud
balungan kang ngasilaken swara alus katimbang balungan liyane.
KAWRUH BAB
SLENTHEM
·
Ugi sinebat
gender penembung/ gender gantung
·
Wujud wilahan,
dipunrenteng mawi pluntur ingkang
dipunpantheng dhateng golekan, dipunkancing ngangge sindik, saben let
wilah dipinsangga ngangge sanggabuwana
·
Sangandhaipun
wilah kaparingan bumbung minangka resonator
·
Miturut titi laras
: slenthem slendro lan slenthem pelog
·
Cacah wilah
slenthem pelog 7 wilah, slendro 6
GAMBANG
Wujud gambang meh padha saron ning
luwih gedhe tur dawa lann wilahane digawe saka kayu. Ukuran wilah gambang
udakara 29 cm nganti 58 cm. Wilah kang luwih gehe iku swarane luwih rendah lan
kabeh cacahe wilahan gambang ana 19 nganti 20 wilah.
KAWRUH BAB
GAMBANG
·
Wilahan padatan
dipundamel saking kajeng berlian utawa kajeng lengki, rancakan ngiras resonator
·
Sarancak padatan
isi 21 wilah, wiwit laras 5 andhap ngantos laras 5 inggil
·
Miturut
titilaras : gambang slendro, pelog bem, pelog barang. Supados ringkes, gambang
pelog lajeng mawi sorogan wilah laras 1 lan 7
·
Tabuh gambang
ugi sinebat bendha
DEMUNG
Saron iku prangkat
gamela wujud wilahan logam kang kasusun sanduwure rancakan kayu. Ana 3 jinis
saro inggih punika : Saron demung, saron barung/ricik, lan saron
penerus/peking.
SARON DEMUNG
Saron demung iku jinis saron kang
palin gedhe ukurane. Wila saron demumg iku paling gedhe inggih punika ukuran
kira-kira 35,5 cm dawa lan lebar 9 cm.
KAWRUH BAB DEMUNG
·
Wilahan saking
logam, dipuntumpangake rancakan ngangge bantalan tawoan, di kancing ngangge
paku, rancakan ngiras resonator
·
Ricikan balungan
ingkang ukuranipun ageng piyambak
·
Demung pelog
sarancak 7 wilah : 1, 2, 3, 4, 5, 6, 7
·
Demung slendro
sarancak 6 wilah : 1, 2, 3, 5, 6, 1 nanging ugi wonten ingkang 7 wilah : 6, 1, 2,
3, 5, 6, 1
·
Tabuhipun
sinebat gandhen
SARON BARUNG
Saron barung utawa saron ricik iku
prangkat gamelan jinis saron tengah – tengah inggih punika anatarane peking lan
demung. Wilah saron barung iku luwih gedhe dibanding saron penerus ning luwih
cilik dibanndhing saron demung. Wilah kang luwih dhuwur swarane, ukurane luwih
cilik. Saron barung ngasilake swara luwih dhuwur saoktaf dibanding saron
demung.
KAWRUH BAB SARON BARUNG
·
Wilahan saking
logam, dipuntumpangaken rancakan ngangge bantalan tawonan, dipunkancing ngangge
paku, rancakan ngiras resonator
·
Kalebet ricikan
balungan, wangunipun memper demung namung ukuranipun langkung alit
PEKING
Peking utawa saron penerus ikujinis
saron kang cilik tinimbang saron barung lan demung, nanging wilahane luwih
kandel. Wilah kang luwih dhuwur swarane, ukurane luwih cilik. Wilah saron
penerus kang paling cilik dawane watara 18 cm lan amba 4 cm. Saron panerus
nasilaken swara luwih dhuwur saoktaf dibandingake karo saron barung.
KAWRUH BAB PEKING
·
Wilahan saking
logam, dipuntumpangaken rancakan nganggo bantalan tawonan, dipunkancing nganggo
paku, rancakan ngiras resonator
·
Ricikan balungan
ingkang ukuranipun alit pyambak
·
Ugi sinebat
saron penerus utawi thithi
·
Padatan gandhen
dipundamel saking singat/sungu mahesa, dipunangkah atosipun
3.
Wujud wilahan
pencon
Piranti gamelan ingkang awujud wilahan pencon
antawisipun :
GONG KEMODHONG
KAWRUH BAB GONG KEMODHONG
·
Gong wujud
wilahan ngangge pencu, dipunrenteng ngangge pluntur, dipunkancing sindik,
dipunpantheng dhateng rancakan ing salabatipun kaparingan klenthing kangge
resonator
·
Padatan sarancak
cacah 2 wilah, dipuntabuh teturutan
·
Tabuhipun
sinebat gembel
KECER
Kecer ingih punika perangkat
gamelan ditangkubake ing pasangane. Biasane ditabuh knggo ngiringi lelagon dolanan ing pagelaran karawitan.
KAWRUH BAB KECER
·
Wujude kaya
piringan simbal nanging ukuranipun cilik
·
Sarancak isi
kalih tangkep
·
Cara nabuh di
aben wilah
4.
Wujud pencon
Piranti gamelan ingkang awujud pencon antawisipun :
BONANG
Bonang iku salah sawiijining
perangkat gamelan kang awujude arupa pencon. Bonang iku ditata dadi rong baris,
saben sabaris gamelan slendro ana 5 pencon lan uga kang ana 6 pencon, dadi
cacahe kabeh ana 10 utawa 12. Dene saben sabaris gamelan pelog ana 7 pencon lan
cacahe kabeh ana 14. Wujude bonang iku ana 3, inggih punika bonang panembung
kang wujude palinng gedhe, bonang barung
kang wujude luwih cilik saka bonang panembung, lan bonang penerus minangka
bonang kang cilik dhewe. Gedhe cilike wujud pencon bonang mau mratandhani
asiling swara/karakter bonang siji lan sijine. Bonang kang asring mbukani
gendhing inggih punika bonang barung.
KAWRUH BAB BONANG
·
Wonten 3 jinis :
bonang penembung, barung, penerus
·
Wujud pencon,
dipuntata larik 2 sab, tumumpang pluntur kang dipunpantheng ing rancakan
·
Sab nginggil
(tebih saking niyaga) sinebat brunjung, sab ngandhap (caket niyaga)Sinebat
dhempok
·
Bonang laras
slendro saben rancak padatan isi 10 pencu
·
Bonang laras
pelog saben rancak padatan isi 14 pencu
KETHUKK LAN KEMPYANG
Kethuk lan kempyang iku perangkat
gamelan wujud pencon kang kasusun ing papan kaya ayunan, dadi cara natane mirip
karo kenong lan bonang. Rancakan kethuk lan kempyang iku luwih cendhek
dibanding kenong.
KAWRUH BAB KETHUK LAN KEMPYANG
·
Kethuk wujud
pencon kados ricikan bonang, padatan mawi laras 2 ageng
·
Kempyang mawi
laras 1 inggih utawi 7
·
Pigunanipun
kangge tandha ajengiing wirama (pamenku wirama) saha nedahaken jinising gendhing
(lancaran, ladrang, ketawang isp)
·
Tabuhanipun
sinebat bindi
KENONG
Kenong iku perangkat gamelan wujud
pencon kang kasusun ing papan kaya ayunan, dadi cara natane mirip karo bonang,
kempyang, lan kethuk. Ing kelompok perangkat gamelan kang diayun iki kenong nduwe ukuran sing paling gedhe
KAWRUH BAB KENONG
·
Wujud pencon, langkung
ageng lan inggil tinimbang bonang
·
Tumrap
saprangkat gamelan ingkang tumbuk laras 6, cacahing kenong padatan 10 pencon :
1s, 2s, 3s, 5s, 6s ,1p, 2p, 3p, 5p. Kawimbuhan kenong japan laras 5 ageng
KEMPUL
Kempul iki biasane digantung kaya
umume perangkat gong. Kempul iki cacahe gumantun jinis pagelarane, dadi ora
mesthi. Bentuke kaya gong nanging luwih cilik lan diameter umum kira- kira 45
cm. Kempul ngasilake swara kang luwih dhuwur tinimbang gong, kempul kang
ukurane luwih cilik swarane luwih dhuwur maneh.
KAWRUH BAB KEMPUL
·
Wujud pencon,
digantung neng gayor ngganggo pluntur
·
Perangane :
pencu, praen, widhangan/bahu, gegesan
·
Gayor ngayogjan
padatan di sukani canthelan, rinengga cundhuk lunglungan
·
Gayor surakartan
padatan boten mawi canthelan, rinengga cundhuk nagan
·
Tabuhing sinebat
gembel
·
Saprangkat
gangsa tumbuk laras 6, kempul cacah 10 yaiku laras : 1s, 2s, 3s, 5s, 1p, 2p,
3p, 5p, 7p.
GONG
Gong iku piranti gamelan
Jawa kan ditabuh, digawe saka tosan, lan nduwe ukuran kang gedhe dhewe. Piranti
iki biasane dipapanke ing mburi dhewe, digantung ing gayor kang umum digawe
saka kayu ukuran gedhe. Wujude gong :bunder, permukaane rata ning ana tonjolan
ing tengah – tengah. Gong nduwe swara kang gedhe lan nadane paling cendhek
tinimbang nada piranti gamelan liyane. Jinising gong inggih punika : gong
ageng,suwukan
GONG AGENG
Gong ageng iku gong kang paling
gedhe diametere udakara 80 nganti 100 cm utawa sekitar 24 inci. Gong ageng
nduwe nada paling rendah dibanding swara piranti gamelan liyane .
KAWRUH BAB GONG AGENG
·
Wujud pencon,
ukuranipun ageng piyambak, garis tengah langkung saking 90 cm, dipungantung
wonten gayor nggunakake pluntur
·
Saprangkat
gangsa ageng, padatan wonten 2 gong ageng laras 3 ageng lan 5 ageng
·
Tabuhane sinebat
gembel
GONG SUWUKAN
Gong suwukan utawa siyem iku gong
kang diametere 50 nganti 60 cm. Gong suwukan nduwe nada luwih dhuwur dibanding
gong ageng.
KAWRUH BAB GONG SUWUKAN
·
Wujud pencon,
ukuran langkung ageng tinimbang kempul, dipungantung wonten gayor nggangge
peluntur
·
Ugi sinebat gong
suwukan
·
Saprangkat
mbetahaken 6 suwukan, i.p laras ageng : 1s, 2s, 6s, 1p, 2p, 7p
5.
Wujud kawatan
Piranti gamelan ingkang awujud kawatan antawisipun :
REBAB
Rebab iku gunane kanggo murba lagu,
gawe variasi lagu, lan uga kanggo mbukani gendhing.
KAWRUH BAB REBAB
·
Dipun damel
saking kajeng utawi gendhing, membran, saha kawat
·
Perangaipun
inggih menika popor ngisor, cakilan, bathokan, membran, watangan, kupingan, cundhuk,
jendra, srenten, bremara
·
Cara ngungelaken
dipunkosok/gesek mawi senggreng
·
Senggreng di
damel saka kajeng lan bubat (rambut jaran)
CELEMPUNG LAN SITER
KAWRUH BAB CELEMPUNG
·
Dipundamel
saking kajeng saha kawat
·
Rancakan ngiras
resonator
·
Amrih ringkes,
dipundamel wolak walik laras slendro pelog
·
Cara ngungelaken
dipunpethik/cuwik ngangge kuku jempol asta
·
Saben titi laras
dumados saking 2 kawat, caranipun nglaras dipunpanthe
·
Senggreng
dipundamel sakiing kajeng saha bubat (rambut jaran)
KAWRUH BAB SITER
·
Sami kadosdene
siter nanging langgkung ageng
·
Tumrap gangsa
ageng/jangkep dipuncawisken clempung cacah 3, inggih punika laras slendro,
pelog bem saha pelog barang
6.
Wujud pipa
Piranti gamelan ingkang awujud pipa
antawisipun :
SULING
Suling iku kalebu piranti musik kang disebul,
swara suling diasikake saka rongga angin sing digeterake liwat sebulan angin.
Frekuensi gelembonge gumantung karo ukuran dawa rongga angin sing digeterake.
KAWRUH BAB SULING
·
Dipundamel
saking deling/pring
·
Padatan
dipuncawisaken kalih, suling laras slendro lan pelog
KEMANAK
Kemanak inggih punika perangkat
gamelan kang wujude memper gedhang. Kemanak iku biasane ditabuh kanggo ngiringi
bedhayan.
TABUHING GAMELAN
Kapethik saking modul
basa jawa ‘KAWURYAN’ lan pinten – pinten sumber kanthi ewah- ewah saperlunipun
https://yudhipri.wordpress.com/2010/06/15/bagian-alat-musik-gamelan/
-Nyuwun pangapunten aggen kula nyerat kathah
klenta-klentu