Pangertos
pamedhar sabda :
Pamedhar
sabda inggih menika tiyang ingkah kajibahan medhar utawi sesorah.
Perkawis ingkang kedah
dipungatosaken supados nengsemaken ing samudayanipun :
1. Busana (ageman)
Anggenipun ngadi busana kedah trep kaliyan kaperluannipun
saha nggatosakan wonten adicara menapa badhe medhar sabda. Pamedhar sabda kedah
besus, pas, boten kekathahen asesoris, make up, saha wangi- wangian, lsp.
2. Subasita (trapsila, tata krami)
Trapsila inggih menika satunggaling babagan ingkah
kedah dipun gatosaken . etika
ingkang kedah dipun gatosaken yaiku ambegan boten
megap - megap , boten nyebul mikrohon utawi dipunthuthuk – thuthuk, sumeh,
boten gugup utawi kagetan, jejeg, mikrophon dipuncepeng asta tengen, asta kiwa
pas ngandhap dhadha, boten kathah obah, boten dumuki rasukan, janggut
dipuntarik sekedik, lsp. Trapsila
ingkang boten nuju prana, solah bawa ingkang kadamel - damel saged ngirangi
kawibawan.
3. Swara (vokal, basa populer)
Bab ingkang kedah dipungatosaken inggih menika:kung
(gandem - marem), boten ngelik, membat- mentul (boten monoton), sanes swanten
lugas (mlaha), nannging nggih boten dipundamel- damel, boten kathah pedhotan,
swantenipun boten bindheng, boten grothal- grathul, saha kedah cetha, lsp.
4. Basa tuwin sastra
Bab ingkang kedah dipungatosaken inggih menika (a)
boten ngangge basa padintenan,kejawi bilih kangge banyolan,(b) boten kekathahen
dhialek nggen-nggenan, menapa malih idhiolek, (c)gadhah tembung- tembung
mathis,(d)wignya ing basa rinengga,(e) wasis olah sastra kadosdene paribasan,
bebasan, saloka, parikan, (f) wegig ing kagunan jawa, saha sugih bumbu- bumbu
humor, lsp.
Perkawis-
perkawis ingkang kedah dipun gatosaken,
ingih menika :
1.
Jumeneng kanthi
sigrak tuwin jejeg, sikaping suku megar metawis kalih jobin, percaya diri.
2.
Asta
ngapurancang, sarira ndegeg, janggut katrik, namung sampun katingal kaku,
3.
Polatan katingal
sumeh, namung boten katingal kadamel – damel,
4.
Mriksani
dhumateng para pamirsa kanthi trapsila.
5.
Penggalih
dipunsarehaken, supados suwanten boten
kepireng ndredheg,
6.
Wiramaning
wicara ingkang cetha sartakajumbuhaken kaliyan kwontenan
7.
Suwanten boten
perlu sora, ingkang cakepan ananging wijang
8.
Ngagem basa
ingkang alus, ananging boten perlu basa ingkang muluk – muluk, supados gampil
dipunsuraos dening ingkang midhangataken.
9.
Pangandikan
boten perlu muter – muter, ingkang cekak, ananging saged nyakup punapa – punapa
ingkang badhe dipunkajegaken.
Rantamaning sesorah, antawisipun :
1.
Salam pambuka
2.
Purwaka
3.
Surasaning
basa/isi/wos sesorah
4.
Dudutan
5.
Wasana
JINISING
SESORAH
Mekaten jinisipun
pidhato utawi sesorah kabentenaken dados warni sekawan :
a.
Sesorah Kanthi Cara (Model ) Apalan
Sesorah cara menika
saderengipun sampun damel seratan sesora lajang dipunapalaken tembung ngantos ukaranipun presis kaliyan cathetan.
Cara menika asring dipunginakaken dening lare – lare ingkang nembe gladhen
utawi ajar.
b.
Sesorah
Kanthi Cara (Model) Naskah utawi Teks.
Sesorah cara naskah
utawi teks, menika juru pamedhra sabda saestu bekta naskah, teks utawi cathetan
pidhato lajeng dipun waos sawethipun, boten dipunapalaken. Cara menika asring
dipunginakaken dening para pejabat utawi punggawaning negari, mliginipun ing
upacara – upacara resmi.
c.
Sesorah
Kanthi Cara (Model) Dadakan utawi Impromtu
Sesorah
cara dadakan, menika cara pidhato boten kanyana –nyana saderengipun menawi
badhe dipunaturi sesorah utawi ndadak ing adicara menika lajeng dipunaturi
sesorah.Kanthi menika piynatunipuun kedah ingkang sampun beken lan padatan
kersa medhar sabda. Sangunipun, car sesorah menika kedah trampil ing pamicara
saha kathah pengalaman saha seserepanipun. Kepara piyayi kala wau pancen
saaampun kalebet hli sesorah utawi pidhato ingkang bedhahanipun utawi
istilahipun ‘orator’, kadosta preside kapisan RI Bung Karno kalebet orator
ulung kanthi mawarni – warni basa.
d. Sesorah Kanthi Cara (Model)
Eksemporan
Sesorah
cara menika kanthi cara juru pamedhar sabda ngasta utawi damel cathetan alit
minangka gaman utawi pangemut – emut urutaning ingkang badhe dipun
ngendikakaken. Cathetn wau namung wos – wos utawi garis ageng ingkang bade
dipun aturaken kemawon, ing salajengipun samangke badhe dipun ngrembakaken
kanthi pemanggih-pemanggih enggal ingkang salaras kaliyan swasana nalikanipun
saweg pidhato. Cara menika, menawi dwija utawi guru saderengipun mucal dhateng
para siswanipun sampun cecawis pokok bahasan ingkang badhe dipunrembag utawi
dipun wucalaken.
Tuladha sesorah
Pidhato Perpisahan Murid Saking Wakil Kelas 9
Assalamu’alaikum
Wr.Wb.
Ingkang
kula kurmati Bapak Kepala Sekolah SMP N 3 Sleman,Bapak Yohanes Sukamto
M.Pd,sarta Bapak Ibu Guru ingkang kinabekten saha kanca-kanca ingkang kula
tresnani.
Puji syukur kita aturaken dhumateng gusti ALLAH SWT
ingkang Maha Agung ingkang sampun maringi rahmat karunianipun,kita saged kempal
wonten ing adicara menika.
Kula makili kanca – kanca badhe nyuwun pandhonganipun Bapak Ibu Guru
amargi kula lan kanca- kanca badhe nglampai Ujian Nasional.Mboten keraos kula
lan kanca – kanca sampun tigang warsa ngangsu kawruh wonten mriki,kula lan
kanca – kanca sampun kathah nglampai kalepatan ingkang dipunsengaja lan mboten
dipunsengaja.
Kula lan kanca – kanca ajeng nyuwun pangapunten
dhumateng Bapak Ibu Guru ingkang sampun mbiyantu kula lan kanca – kanca ngangsu
kawruh ingkang dangunipun 3 warsa,kula lan kanca – kanca mboten saged males
lelabetanipun Bapak Ibu Guru,kula lan kanca – kanca namung saged ndhongaken
Bapak Ibu Guru mugi – mugi dipunparingi kabagaswarasan lan katentreman ,mugi –
mugi kula lan kanca – kanca pikanthuk
biji ingkang sae lan saged nerasaken sekolah ingkang favorit.
Makaten
ingkang saged kula aturaken ,mbok bilih aggen kula matur kathah klenta –
klentu,kula nyuwun pangapunten.
Wassalamu’alaikum
Wr.Wb.
Kapethik saking modul
basa jawa ‘KAWURYAN’ lan pinten – pinten sumber kanthi ewah- ewah saperlunipun
-Nyuwun
pangapunten aggen kula nyerat kathah klenta-klentu-
Tidak ada komentar:
Posting Komentar